Kali Lematang

Kali Lematang iku kali kang dumunung ing Kabupatèn Lahat, Sumatra Selatan. Ing kali iki tau tinemu jinis prahu jaman biyèn kang ingaran bidhuk.

Rikala jaman biyèn kali iki kerep diliwati kapal rodha lambung kang nlusuri laladan lan mampir kanggo dodolan barang dagangan. Saka kaanan iki asalé jeneng kutha Lahat, ya iku nalika kapal lunga saka laladan mau para warga banjur mulih saka pinggir kali, yèn nganggo basa Lahat padha Larat kang tegesé lunga.

Amarga banyuné tansaya cethèk, suwésuwé Kali iki ora bisa dilayari nganggo kapal roda lambung manèh. Ing mangsa udan kali iki kerep banjir, nanging ing mangsa katiga masarakat saubengé kali padha golèk rejeki ngumpulké watu saka kali iki.[1]

  1. Seputar Indonésia, Warga Pinggiran Sungai Mengeruk Rezeki. (Diakses 2 Feb 2007)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy